03 December 2014

CAH CILIK JAMAN SAIKI




                   Ngopo aku arep mahas cah cilik, mergane kabeh wong wes tau mengalami cilik, lak ra mungkin lahir langsung umur 18 tahun, aku arep mbahas cah cilik, luwih tepate dolanan pas cilik, cah cilik jaman saiki wes bedo 180’, ora koyo jaman cilikanku mbien, sing lairan 95 kebawah mesti ngalami jaman cilik sing seru. Opo kui jaman cilik seru yo permainan lumrahe cah cilik. Dolanan tulup sing seko pring, dolanan delikan, dolanan gobak sodor, boy-boynan, sepak sekong, engkling, bentik, dakon lan akeh sing ra iso tak sebutno siji-siji. Nek jare cah saiki kui kemproh, Nah kui ora kemproh tapi  mengasah kreatifitas anak. Saiki cah cilik le do dolanan go smartphone, jarene sih smartphone tapi marai bodho sing ngengo, marai males kesetan. Tapi nek jaman cilik mbien do kemproh dolanan turut kalen memet iwak kui luwih seru.

Jane kedatangan smartphone kui apik, seangere pas karo kegunaane, dadi sopo wong tuo sing wes nukoke hp go anake yo diawasi, nek iso dipaske karo umure, karo kegunaane nek rung butuh ngopo ditukoke. Masalahe ki cah cilik gampang dipengaruhi karo hal sing didelok, sing di lakoni, cah cilik kui rentan banget karo sing jenenge hal baru sing terus pengen diconto.
Nah sak desoku wae wes punah sing jenenge dolanan cilik, dolanan tradisional, saiki aku delok cah cilik wes do gujuengi hp kabeh do dolanan game nang hp, gaweane gur mantengi hp. Kui ora iso mengenbangkan bakat anak menurutku, tapi nek kui kabeh mau seko bocahe dewe. Tur yo ra iso dipungkiri perkembangan jaman saiki sing wes maju pesat.

Nek ngelingke mbien ki malah dadi crito nek gede, ciliknku mbien nek malem minggu utowo mongso loburan, do dolanan neng njobo, wes dolanan opo wae sing lagi dipingini, eneng sing digoleki mbokne karo gowo bendho mergo wes wayahe bali tapi iseh wae keasikan dolanan.  Opo meneh nek mongso udan, do bal-balan karo udan-udanan, seru tenan kui. Tapi sopo sing dikandani wong tuane, ‘’koe ki ojo dolanan udan-udan koe ki ra koyo kancamu, koe gampang loro.’’ Nah akhire nesu tapi asline maksude wong tuamu ki apik ben koe ra loro, loooh malah tekan ngendi iki, balek meneh. Dadi cah cilik ki mangsane pengembangan diri, mangsane bermain, mangsane seneng-seneng, nek jare ku BIARKAN DEWASA PADA WAKTUNYA. 

Nek saiki gara-gara gawanane hp, cah cilik saiki dewasa dini. 17 opo 20 tahun meneh nek ketemu konco bebrayane, ra iso crito koyo jamanku, nek pas aku ketemu konco lawas ki crito ne werno-werno wes ra entek-entek marai nguyu. Nek aku mayangke cah cilik nek ketemu konco lawase sesok critone gur,’’ eh koe game kae ketuk level piro, chip pokermu mbien tau entok piro’’ obrolan opo kui.

Ngo adek-adek ku, jajalen permainan tradisional betapa serunaya, selagi koe aktif bergerak koe dadi sehat,koe dadi kreatif, koe dadi wani reget pokoke akeh sing iso dipetik dari pada koe do dolanan game liwat hp, dadi masa cilikmu ra kok liwati sia-sia.
sing tak wedeni permainan tradisional bakalan iso punah nek ora dilestareke, anak putune dewe sesok iso ra mengalami dolanan seru. Yo mugo-mugo dolanan tradisional ojo ngasi punah, kui warisane mbah-mbah mbien.
Wes lah cukup semene disek, lain kesempatan iso mbahas meneh.

Sing wes moco tulisanku tak aturi MATUR NUWUN.
Ojo lali kritik karo saranmu tak tunggu dap.

2 comments:

  1. Pasti lahiran tahun 96, ya yang ngak ngalami 2000 keatas haha, seru kan masa kecilnya

    ReplyDelete