Galo ngopo galo, koe ra asing to karo galo, GALO = GALAU. Anak
muda masa kini ki senengane galo, sitik-sitik galo, mbuh, asline gur menungsane
le over lebay opo koe sing ringkih.
Diputus galo, ra due duit galo, ra iso dolan galo, udan
galo, loro galo, ra due pacar galo, kabeh-kabeh kok gawe galo. Tapi galo sek
tak maksud galo sing luwih seko galo. Dadi ki galo sak nduwure galo, intine leh
mu lebay ki keterlaluan.
Pokoke kebangeten banget lah. Mesake kancau kui sing
mbendino kok curhati masalah kegalauanmu sing ra penting go kancamu tapi kok
angep penting banget ngo awakmu dewe. Dadi marake koe due hobi sing ora becik,
yokui hobi curhat sing ra penting. Dadio wong sing strong, sing bakoh ojo dadi
wong ringkih sitik-sitik galo. Galo ki entok tapir a keterusan, terus ojo
keliwatan nemene.
Sing luwih parah meneh ki yo galomu ki ndadak kok
sebar-sebarke neng sosmed, ijeh mending mbok curhatke neng kancamu, tapi sak mending
kui ya rapatut. Saiki akeh wong galo neng
sosmed intine ki gur siji, NJALUK PERHATIAN,PERHATIAN DAPURMU #capslock jebol.
Masute opo jan koe lagi loro, terus inpus mbok poto terus
kok sebarke neng sosmed mbok tuliske GWS FOR ME. Nah intine koe ki kurang
perhatian, opo koe pamer koe loro neng rumah sakit, lehmu loro ki loro larang
haah. Aku ra gumun, aku ra pengen loro yoan nger le cah bagus koyo irus.
Terus eneng sing loro ati terus tangane mbok beseti ngo
silet ben koe entok perhatian, ealah mesake wong tuamu wi lo, kok ra ngombe
obat nyamuk sekalian wae. Tapi yo eneng wong loro ati terus bunuh diri
sebodoh-bodohnya orang kui.
Wes to kesedihamu ki ojo mbok ketok-ketoke neng muka umum,
koe ra isin po, nek koe ra due isin yo mesake wong tuamu kui ojo
ngisin-ngisini.
Ojo ngasi galomu ki berkepanjangan, merusak uripmu dewe, nek
iso ki yo lek dituntaske kegalaoanmu lek ndang menata sing anyar meneh.
Kegaloan sing asline sepele, tapi mbok overke dewe dadio ko
wong ringkih tur wong sing riso move on, opo kui move on.
Move= pindah,
On= hidup
jadi move on= pindah
hidup, nah maksudte kui ki koe kon pindah habitat, nek jeh sering galo pindaho
neng dunia binatang wae nek ngono, curhato karo singo, nek galomu ki jeh
kelewatan.
Aku yo ngaku penah galo, ditingal yangku terus nangis
bengkak-bengok turut dalan semaput, ehhh yora lahh ora se over kui aku. Aku galo
yo pernah tapi jarang tak sebar-sebarke tak adepi dewe nah nek ra kuat lagi tak
curhate. Tapi mbok eling-eling piliho konco sek arep mbok curhati, mergone
konco sing nompo curhatanmu ki eneng loro. SING PERHATIAN KARO MASALAHMU, karo
SING PENASARAN KARO MASALAHMU. Dadi yo ojo waton uwong mbok curhati, tapi yo
balek meneh nek koe iso ngrampungke masalahmu dewe yo kok rampungke dewe, ra
usah njaluk tulung kancamu. Tur yo kui sek kok curhati ki yo ojo gur masalah
sing ra berguna, curhat yo sing penting dadi kancamu sing mbok curhati yo ra
mesake.
Saranku dadio wong sing kuat, sing kokoh koyo pondasine
londo.
Yo wes sing wes moco tulisanku sing ra karuan iki tak aturi
MATHUR NUWUN SANGET J
Ojo lali tinggalkan kritik ro saranmu go aku.
No comments:
Post a Comment