08 January 2015

BEKTI MARANG WONG TUA





               Neng kesempatan iki aku araep bahas, bekti marang wong tua. Mergo aku wes empet banget karo bocah-bocah sing gaweane nglawan, wani ro wong tua. Nah ngo koe-koe dap, sopo sing gaweane wangsulan nek dikandani wong tua. Padahal wong tuamu ki niate apik to, ojo mas, mbak ojo meneh.  Ojo pisan-pisan nglarani ati wong tuamu, wong sing wes ngedeke koe. Wong tuamu ki ra njaluk imbalan, wong tuamu ki tulus le ngedeke koe, malah mbok sambati terus.


Akeh banget bocah sing kakean sambat, ora due ucapan syukur tenan, misal wingi mangan tempe, saiki tempe, nah bocah sing ra ngerti budi pekerti, kakean sambat.

‘ PIE TO MBOK, WINGI TEMPE, SAIKI TEMPE, SESOK TEMPE, BOSEN RETI RA, KAPAN AKU PINTER, AKU PENGEN IWAK’

Mbok koe ki ngerti kahanan, wong tuamu kui masak, ngo koe tulus. Rasah sambat paham. Isih syukur koe iso mangan tempe, iseh dimasake karo wong tuamu.
Sing luwih parah nek ngasi koe sambat ra gelem sekolah gara-gara ra dituruti kepinginanmu.

‘ AKU NEK RA NUMPAK MOTOR ANYAR WEGAH SEKOLAH, LUEH POKOKMEN MOTOR ANYAR.

 ‘ AKU POKOKMEN PENGEN HAPE ANYAR SING ENENG KAMERANE KOYO NGOM KANCAKU, NEK ORA AKU EMOH SEKOLAH’

‘PIE TO, SANGU MUNG SEMENE, GAH SEKOLAH AKU KURANG SANGUNE.’

Terus nesu, mbantingi opo-opo ra gelem mangan ra gelem omongan.
Terus arep dadi opo. Wong tuamu ki nyekolahke koe ben pinter ben dadi wong becik. Ora malah dadi pinter wangsulan, ra ngerti toto kromo, ra tau bersyukur. Nek reti gedene koyo koe-koe cilianmu mbien wes guang kalen.

‘MBOK AKU NJALUK DUIT’

‘AREP NGO NGOPO NOK, WINGI LAK UWES?’

‘WINGI KAPAN, WES ENTEK MBOK, AREP TAK NGO DOLAN’

‘DOLAN WAE TO NOK, MBOK SINAU KONO NOK,’

‘HALAH SIMBOK KI RA NGERTI CAH ENOM, AKU KI PENGEN SENENG-SENENG, NDI MBOK DUITE.’

Koe seneng-seneng neng penderitaan wong tuamu aduuuuh. Wes ra boso, wangsulan, nyentak.

Nah iki ojo gur nek pas hari ibu wae le koe apikan, ‘ BUK SELPI  BUK, RO AKU, AREP TAK UPLOT BEN DO RETI NEK AKU SAYANG RO IBUK’ selpi-selpi gundulmu. Ojo kok gawe acara tahunan koe le apik marang wong tuamu. Ben dino ki yo ngono.

Wong tuamu ki akeh wejangan, ojo mbok uneke crewet, kui ngo koe ben kedepane luwih apik. Wong tuamu ki sayang ro awamu kabeh. Dadi sing isih due wong tua, ojo mbok siak-siakno wong tuamu. Sayangi mereka. Turuti opo condone wong tuamu. Dikogkon yo tumandang rasah sambat.
Koyo aku ki lo, nek dikongkon tumandang ra wangsulan, iyo mbok ra langsung tak tandangi tapi, tetep tak lakoni perintahe tur ran go sambat.

Nah sing dadi anake wong sing kecukupan yo podo wae tetep kudu bekti, opo wae pokokmen ojo ngawe larane ati wong tuamu.

Tapi yo eneng wong tua sing,, yo ra bener lah tumindake, nah koe ojo melu-melu tapi tetep bekti marang wong tuamu, dongake wong tuamu, ben tumindake dadi becik meneh.

Nah nek wong tuamu akeh aturan ngo koe yo dituruti, ditaati. Wong tuamu ki njogo koe tenan ben mlakumu ki lurus, ra mengok-mengok. Mesake dap mesake wong tuamu.

 Ngo koe sing sering nglarani wong tuamu, njaluko ngapuro, dadio wong sing bekti marang wong tua.
Wong tuamu ki perjuangane wes akeh, sayangi to, turuti opo wejangane wong tuamu, dadio wong sing mbanggake wong tuamu, ojo gawe isin wong tuamu gara-gara kelakuan edanmu.
Nek wong tuamu due, opo sing ra bakalan dituruti ngo anake, mesti dituruti, tapi ojo mekso, sakno wong tuamu.

Saranku pokokmen ojo pisan-pisan ngasi nglarani wongtuamu, OJO.

Wes cukup semene disik sambung sesok meneh,
Seko aku njaluk ngapuro nek okeh salah oke, lan matur nuwun ngo koe wing wes moco. :)

No comments:

Post a Comment